"Berkhayal lah seluas biru langit, berpikir lah sedalam biru laut, horizontal sama rata sama rasa. Buka jendelamu lalu pandanglah, buka pintumu ayo keluarlah, bebas lepas lepaskan kebebasan. Jangan takut keluarlah, hadapi dunia dengan menari" [Slank Dance].

Sunday 2 May 2010

Guyonan Waton Muni Part I

Mohon maaf, kali ini saya sampaikan joke atau guyonan ala bahasa Jawa. Tujuannya tidak lain hanya ingin melestarikan bahasa Jawa. Bagi anda pembaca yang tidak atau kurang mengerti arti dan maksud guyonan ini, silahkan tanya saja kepada pihak berwajib [haiyah], kepada saudara, teman atau langsung menghubungi saya selaku penulis.

Sore-sore Cahbiroe karo Kangmaz leyeh-leyeh neng teras sinambi ngombe kopi ireng lan ngudud. Jagongan ngalor-ngidul banjur kelantur guyonan.

Karya Ilmiah
Cahbiroe : Kang, kowe wes tau ngadak'e eksperimen karya ilmiah durung?
Kangmaz : Durung je Cah, kowe wes tau pa?
Cahbiroe : Wes tau...!!
Kangmaz : Eksperimen apa kuwi?
Cahbiroe : Nggabungke 2 spesies tanduran dadi siji...!!
Kangmaz : Tanduran apa kuwi?
Cahbiroe : Kelapa karo tela
Kangmaz : Hasile dadi apa, Cah?
Cahbiroe : Gethuk...!!
Kangmaz : Dengkulmu mlocot kuwi...!!

Lampu
Kangmaz : Kowe reti ora gunane lampu?
Cahbiroe : Hayo nggo penerangan no, Kang
Kangmaz : Sak liyane kuwi?
Cahbiroe : Mbuh, lha nggo apa?
Kangmaz : Dimut..ndilalah lampu iki isa dimut...!!
Cahbiroe : Kok isa?
Kangmaz : Wingi bengi aku pas lewat neng omahe Kang Mo, bojone ngomong ngene
Kangmaz : "Wes Kang, lampune ndang dipateni mengko tak mute"
Cahbiroe : Hahaha...semprul...!!

Kelapa
Cahbiroe : Ana wong duwe anak papat sik siji luwe sik loro ngelak sik telu pengen tuku BH sik papat njaluk cawet
Cahbiroe
: Nanging dheweke mung duwe duit 1500 rupiah. Piye carane isa nuruti karepe anake kabeh?
Kangmaz
: Mung duit semana ya ora mungkin isa tho Cah
Cahbiroe : Isa wae...!!
Kangmaz
: Lha piye?
Cahbiroe : Tuku kelapa...!!
Cahbiroe : Kelapane di pangan ben ora luwe, banyune diombe tombo ngelak
Cahbiroe : Bathoke disigar dadi loro lan ditaleni nggo BH, terus sepete garek didondomi dadi cawet
Kangmaz : Wakakakakak, iya ya...!!

Vitamin
Kangmaz : Ponakanku sing cilik saiki kok sithik-sithik sering lara ya Cah
Cahbiroe : Wah kurang vitamin kuwi
Kangmaz : Kowe nduwe vitamin ora?
Cahbiroe : Komplit. Arep njaluk vitamin A, B, C, apa vitamin D?
Kangmaz : Sing endi wae..Ponakanku ora isa maca wae kok
Cahbiroe : Hiyaaaaa....

Tuku Kipas
Cahbiroe : Eh, aku sebagai konsumen arep komplain
Kangmaz : Komplain piye?
Cahbiroe : Wingi aku kan tuku kipas neng kowe, jaremu kipase awet, kuat
Cahbiroe : Nyatane dinggo 2 jam wae wes dha mrotholi
Kangmaz : Lha kowe nganggone piye?
Cahbiroe : Hayo dikipaske kaya umume nek nggawe kipas no
Kangmaz : Wah, yo kliru kuwi. Mestine ora ngana
Cahbiroe : Lha terus piye?
Kangmaz : Nek kepingin awet. Kipase mbok cekeli meneng neng ngarep raimu
Kangmaz : Njur sirahmu sing geleng-geleng... Hahahaha...
Kangmaz : Wes tak mulih sek [langsung minggat mulih]
Cahbiroe : Aseeem ii...

Wes berhubung Kangmaz mulih, guyonane dilanjut sesuk neh.

share on facebook

5 Komentar:

Anto said...

dengkulmu mlocot.....wkwkwkwkwkwk

Wisnu said...

wek'ee...ee...eee...
matur nuwun sampun purun mampir mas antok... hehehe...
nek ora dengkule mlocot biasane yo bathuke anjlok.. hahaha...

Unknown said...

wah wes guyonane mesum ae, ndang rabi ngono lho hahahaha........

Wisnu said...

halah... speechless wes.. kalah.. kalah...

Unknown said...

Ijin share ya gan...

Post a Comment